Khotbah Iduladha Bahasa Jawa: Ibadah Kurban Linambaran Niat Ikhlas Karana Allah
اَلسَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُاللهِ وَبَرَكَاتُهُ
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ، وَنَعُوْذُ بِاللَّهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا. مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلَا مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَا هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ.
اللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ وَأَصْحَابِهِ، وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.
يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ.
يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلًا سَدِيْدًا. يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ، وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا. أَمَّا بَعْدُ.
قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الْعَزِيزِ: أَعُوذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيمِ: ﴿فَلَمَّا بَلَغَ مَعَهُ السَّعْيَ قَالَ يَا بُنَيَّ إِنِّي أَرَى فِي الْمَنَامِ أَنِّي أَذْبَحُكَ فَانْظُرْ مَاذَا تَرَى قَالَ يَا أَبَتِ افْعَلْ مَا تُؤْمَرُ سَتَجِدُنِي إِنْ شَاءَ اللَّهُ مِنَ الصَّابِرِينَ﴾
اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، لا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ وَلِلَّهِ الْحَمْدُ
Kaum muslimin rahimakumullah.
Puji saha syukur tansah konjuk wonten ngarsanipun Allah Swt., awit saking peparingipun nikmat, rahmat, saha hidayah dhumateng kita sedaya. Maliginipun nikmat iman lan Islam, kesehatan lan kalodhangan kangge nindakaken mawarni-warni ibadah dhumateng Allah Swt., kalebet nindakaken Shalat Iduladha wonten ing enjing punika.
Shalawat tuwin salam mugi tansah katetepna dhumateng panutan kita, Nabi Muhammad Saw., sumrambah dhumateng shahabatipun lan pendherekipun ngantos dumugi ing dinten kiyamat.
اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ وَلِلَّهِ الْحَمْدُ
Kaum muslimin jamaah Iduladha rahimakumullah.
Ing injing punika, kaum muslimin ingkang nglampahi ibadah haji minangka tamu Allah Swt. (dhuyufurrahman) sampun nyawiji nglampahi wukuf ing Arafah,lan nembe wonten ing Mina kangge nindakaken Jumratul ‘Aqabah. Tiyang-tiyang wau kanthi ageman ihramipun ingkang dugi saking mapinten-pinten perangan donya.
Tiyang-tiyang kalawau dumugi peranganing bangsa, ras, suku, werni kulit, budaya, basa, lan tingkatan sosial ingkang benten-benten, inggih punika netepi timbalan Allah Swt., minangka tamunipun Allah Swt., lan nyawijekaken Allah Swt.
Kangge muslimin ingkang dereng nggadhahi kekiyatan dados tamunipun Allah Swt., tiyang-tiyang kalawau kadhawuhan nindakaken Shalat Iduladha lan ibadah kurban, miturut kekiyatanipun wonten ing papan pundi kemawon. Ibadah kurban ingkang dipun leksanakaken kaum muslimin minangka salah setunggaling upaya kangge nyaket (taqarrub) dhumateng Allah Swt.
Katrangan panggesangan kaum muslimin menika, nggambaraken sesambungan ingkang kiyat antawisipun tiyang ingkang nglampahi ibadah haji, kaliyan sedherek-sedherekipun ingkang mboten nglampahi ibadah haji. Awit saking menika, kita nindakaken Shalat Iduladha lan ibadah kurban hakekatipun minangka wujud kesadaran netepi dhawuh Allah Swt. lan Rasulullah Saw.
اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ وَلِلَّهِ الْحَمْدُ
Kaum Muslimin jamaah ingkang pikantuk Rahmatipun Allah
Ibadah kurban minangka salah setunggal ibadah ingkang penting salebetipun ajaran Islam. Ibadah menika nggadhahi fondasi ingkang kiyat lan nggadhahi oyot sejarah panjang salebetipun tradisi Rasul-Rasul ingkang kawuri.
Ajaran kurban lan praktekipun sampun dipun tedahaken kanthi sambung-sinambung dening para Nabi lan Rasul ngantos Nabi Muhammad Saw., lan Nabi Ibrahim As., dipun kenal minangka ingkang miwiti ibadah menika.
Kedadosan penyembelihan ingkang dipun tindakaken Nabi Ibrahim As., dhumateng putranipun Ismail As., minangka dasar tumrap wontenipun ibadah kurban. Nabi Ibrahim As., kanthi kebak iman lan keikhlasan purun nyembelih putra ingkang dipun tresnani, Ismail As., awit kangge netepi dhawuh saking Allah Swt.
Kedadosan ingkang nrenyuhaken menika kacetha wonten ing salebetipun Al Qur’an Surat Ash-Shafat ayat 102 :
فَلَمَّا بَلَغَ مَعَهُ السَعْيَ قَالَ يَبَُنَََّ اِنِّّْ أَرَى فِِْ الَمنَامِ أَنِّّْ أَذْبَُكََ فَانْظُرْ مَاذَا تَرَى قَالَ يَآ~أَبَتِ افْعَلْ مَاتُؤْ سَ.تَجِدُنِّْ اِنْ شَآ~ءَ اُلله مِنَ الصَابِرِيْنَ
“Nalika anak iku (Ismail) wis tumeka umure lan sanggup makarya bebarengan (Ibrahim). Ibrahim ngendika, he anakku, satemene aku meruh sajeroning turu (ngimpi) menawa aku nyembelih sira. Mula piye mungguh penemumu? Dheweke (Ismail) matur, he bapak kula, kula aturi nindakaken menapa ingkang dipun dhawuhaken Allah Swt. dhumateng panjenengan, insya Allah panjenengan badhe manggehaken kula kalebet tiyang-tiyang ingkang sabar.” (QS. Ash-Shafat: 102)
Menika ujian (pacoban) taatipun Nabi Ibrahim As. dhumateng Allah Swt. Ing salajengipun, pangurbanan menika dados anjuran tumrap umat Islam kangge nyebelih kewan kurban, ing saben 10 Zulhijah lan dinten tasyrik, inggih menika 11, 12, lan 13 wulan Zulhijah.
Katrangan sejarah menika nggambaraken bilih, tekading manah, kapitadosan dhumateng leresipun dhawuh saking Allah Swt., ikhlas, taat, lan sabar menika hakekat ingkang tumanem saking ibadah kurban. Nilai-nilai menika sampun katindakaken dening Nabi Ibrahim lan Ismail kanthi sae salebetipun prastawa ingkang nrenyuhaken menika.
Katetepan tekad Nabi Ibrahim nyembeleh putra kandungipun piyambak mboten kasurung raos taat ingkang ngawur, ananging dipun kantheni kapitadosan bilih dhawuh Allah Swt. menika kedah dipun tetepi.
Allah paring dhawuh ingkang kados mekaten minangka pepeling dhumateng umat ingkang badhe dhateng, kinten-kinten kuwawi mboten ngorbanaken awakipun, keluwarganipun, lan bandha donyanipun ingkan dipun remeni menika kangge njejegaken dhawuhipun Allah Swt., saha kuwawi napa boten nyangkul amanah minangka khalifah Allah Swt., wonten ing bumi menika.
اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ وَلِلَّهِ الْحَمْدُ
Kaum muslimin yang manggih bagya mulya
Wonten salebetipun fikih, kurban dipun sebat udlhiyah, sebab kewan ingon-ingon dipun beleh nalikanipun srengenge sampun minggah (dhuha).
Kewan kurban ingkang dipun sebat udlhiyah utawi nahr, inggih punika simbol pangurbanan minangka sarana kangge nyaket dhumateng Allah Swt. Menawi nyembeleh udlhiyah minangka ibadah material ingkang ritual, mila taldhiyah (pangurbanan) ing marginipun Allah minangka ibadah keadaban ingkang majengaken sektor-sektor panggesangan ingkang wiyar tebanipun.
Ing dalem ibadah kurban, tandha ingkang paling inti inggih menika sikap batin arupi keikhlasan, ketaatan lan kejujuran. Tindakan lahiriyah tetep penting, menawi tuwuh saking niat ingkang tulus.
Ibadah kurban mboten namung mentingaken tindakan lahiriyah, arupi nyedhekahaken kewan ingon-ingon dhumateng tiyang sanes maliginipun fakir miskin, ananging ingkang langkung wigati inggih menika niat manah ingkang tulus kangge nyaketaken dhiri dhumateng Allah Swt.
Al-Qur’an ngemutaken bilih ingkang leres-leres saged nuwuhaken caket dhumateng Allah boten fisik kewan kurban, ananging nilai takwa dan lan keikhlasan salebetipun jiwa kita.
لَنْ يَّنَا لَ اللّٰهَ لُحُـوْمُهَا وَلَا دِمَآ ؤُهَا وَلٰـكِنْ يَّنَا لُهُ التَّقْوٰى مِنْكُمْ ۗ
“Ora bakal tekan marang Allah daging (kewan kurban) iku, lan ora uga gethihe, ananging kang bakal tekan marang Allah yaiku takwa saka sira.” (QS. Al-Hajj : 37)
Penegasan Allah Swt. menika nedahaken kalih perkawis :
- Penyembelihan kewan ingon-ingon kangge kurban, minangka wujud simbolik saking tradisi Nabi Ibrahim As., lan minangka syi’ar saking piwulang Islam.
- Allah Swt. namung ngersakaken bobot ketakwaan saking tiyang ingkang nyembeleh kewan ingon-ingon kangge ibadah kurban. Jumbuh kalian ngendikanipun Rasulullah:
إِنَّ اللَّهَ لَا يَنْظُرُ إِلَى صُوَرِكُمْ وَأَمْوَالِكُمْ وَلَكِنْ يَنْظُرُ إِلَى قُلُوبِكُمْ وَأَعْمَالِكُمْ
“Allah ora mirsani marang wujudmu lan bandha donyamu, ananging Allah mirsani marang ati lan tumindakmu.” (HR Bukhari dan Muslim)
Kupiya nyaketaken dhiri dhumateng Allah terutami lumantar kurban, kita tindakaken kanthi terus menerus/istikamah. Awit saking menika, agama Islam dipun sebat minangka dalan (syai’ah lan thariqah) tumuju nyaket dhumateng Allah Swt.
Gegayutan kaliyan dhawuh kangge kurban ing nginggil, mila Rasulullah Saw., ing saben tahunipun nyembelih kewan kurban. Awit saking menika, tiyang Islam ingkang sampun nggadhahi kekiyatan kangge kurban ananging boten purun nindakaken kurban kenging dipun kenani sanksi sosial, inggih menika dipun sebrataken saking sesrawungan masyarakat muslim.
Saking Abu Hurairah Ra., Rasulullah Saw. ngendika:
مَنْ كَانَ لَهُ سَعَةٌ، وَلَمْ يُضَحِّ، فَلَا يَقْرَبَنَّ مُصَلَّانَا
“Sapa wonge sing duwe kekuatan kanggo nyembelih kewan kurban ananging ora gelem nindakake, mangka aja pisan-pisan nyedhaki papan shalatku.” (HR. Imam Ahmad dan Ibnu Majah)
اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ وَلِلَّهِ الْحَمْدُ
Kaum muslimin ingkang manggih bagya mulya
Wondene hikmah nindkaken myembelih kewan kurban kanthi niat tulus lan ikhlas namung ngarep-ngarep ridhanipun Allah Swt., sae wonten donya lan akhirat, ing antawisipun:
- Ningkataken iman lan takwa dhumateng Allah Swt. Kanthi ibadah kurban ingkang kita tindakaken saged nggladi kepatuhan lan kepasrahan dhumateng Allah Swt., sahingga kita badhe pikantuk predikat muttaqin ingkang njalari kita badhe nampi kamulyan lan kabagyan wonten ing alam donya lan wonten ing akhirat.
- Tadzkiyatun Nafs. Inggih menika ngresiki jiwa saking sifat-sifat bahimiyyah (ngumbar hawa nafsu: nafsu weteng, nafsu kemaluan, nafsu srakah, kejem, lan nindhes dumatheng tiyang sanes).
- Nuwuhaken raos welas asih lan nggatosaken ing sesami, sarta purun sabyantu dhumateng tiyang sanes. Ngicali sifat pelit, medhit, uthil, lan mbedhidhil kaya Buta Cakil.
Mekaten khutbah ing injing punika mugi nggadhahi piguna ingkang ageng tumrap panggesangan kita sedaya. Aamiin Ya Rabbal Aalamiin.
Pungkasanipun, manga kanthi khusyu’ lan tawaduk, kita sesarengan dedonga wonten ngarsanipun Allah Swt., mugi-mugi gesang kita lumampah kanthi sae, jejeg, wonten marginipun Allah Swt.
بَارَكَ اللّٰهُ لِي وَلَكُمْ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيمِ، وَتَقَبَّلَ مِنِّي وَمِنْكُمْ جَمِيعَ أَعْمَالِنَا، إِنَّهُ هُوَ السَّمِيعُ الْعَلِيمُ. أَقُوْلُ قَوْلِي هٰذَا، وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ، فَاسْتَغْفِرُوهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
إِنَّ اللّٰهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.
اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ، وَعَلَى أَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ، وَعَنِ التَّابِعِيْنَ، وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.
اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ، الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ، بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ.
رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلِإِخْوَانِنَا الَّذِيْنَ سَبَقُوْنَا بِالْإِيْمَانِ، وَلَا تَجْعَلْ فِي قُلُوْبِنَا غِلًّا لِلَّذِيْنَ آمَنُوْا، رَبَّنَا إِنَّكَ رَؤُوْفٌ رَحِيْمٌ.
اللَّهُمَّ أَعِنَّا عَلَى ذِكْرِكَ، وَشُكْرِكَ، وَحُسْنِ عِبَادَتِكَ.
رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا، وَإِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا، وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ الْخَاسِرِيْنَ.
اللَّهُمَّ أَحْسِنْ عَاقِبَتَنَا فِي الْأُمُوْرِ كُلِّهَا، وَأَجِرْنَا مِنْ خِزْيِ الدُّنْيَا وَعَذَابِ الْآخِرَةِ.
اللَّهُمَّ اغْفِرْ لَنَا ذُنُوْبَنَا، وَذُنُوْبَ وَالِدِيْنَا، وَارْحَمْهُمَا كَمَا رَبَّيَانَا صِغَارًا.
اللَّهُمَّ تَقَبَّلْ مِنَّا صِيَامَنَا، وَقِيَامَنَا، وَقِرَاءَتَنَا، وَزَكَاتَنَا، وَعِبَادَتَنَا كُلَّهَا.
اللَّهُمَّ تَقَبَّلْ يَا كَرِيْمُ، وَتُبْ عَلَيْنَا، إِنَّكَ أَنْتَ التَّوَّابُ الرَّحِيْمُ.
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً، وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً، وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
وَالْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ.
وَالسَّلَامُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللَّهِ وَبَرَكَاتُهُ
(Khutbah dipun atur tanggal: Jumat Wage, 10 Dzulhijjah 1446 H / 6 Juni 2025 M. Lokasi: Lapangan Desa Karanganyar)
Get notifications from this blog
Silakan berkomentar dengan sopan sebagai ajang silaturahmi sesama kita.