Muhammadiyah Weru: Khotbah Jumat Bahasa Jawa
Khotbah Jumat Bahasa Jawa: Perangan Rezeki Wonten ing Islam, Bandha Sanes Kang Utama

Khotbah Jumat Bahasa Jawa: Perangan Rezeki Wonten ing Islam, Bandha Sanes Kang Utama

Khotbah Jumat
Khotbah Jumat Bahasa Jawa: Perangan Rezeki Wonten ing Islam, Bandha Sanes Kang Utama

Dening: Wakhid Syamsudin

Khotbah I

إِنَّ الْحَمْدَ لِلهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَـهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ. أَمَّا بَعْدُ

عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ عَزَّ وَجَلَّ حَيْثُ قَالَ تَبَارَكَ وَتَعَالَى، أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْم

يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالًا كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالْأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا

فَإنّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ، وَخَيْرَ الْهَدْىِ هَدْىُ مُحَمّدٍ صَلّى الله عَلَيْهِ وَسَلّمَ، وَشَرّ اْلأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا، وَكُلّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةً، وَكُلّ ضَلاَلَةِ فِي النّارِ. أَمَّا بَعْدُ

Ma’asyiral muslimin jamaah Jumah rahimakumullah. 

Puji lan syukur katuraken dhumateng ngarsanipun Allah Ta’ala, Dzat Ingkang Maha Kuwaos lan Ingkang Maha Welas ugi Asih. Namun dhumateng piyambakipun kita manembah lan nyuwun pitulungan.

Shalawat ugi salam mugi tansah kalimpahaken dhumateng Rasulullah Muhammad SAW. Sumrambah dhumateng keluarga lan para sahabatipun. Mugi kita sedaya pinaringan syafa’atipun benjang ing dinten kiyamat, amin. 

Sumangga kita sedaya tansah hambudidaya lan ningkataken takwa dhumateng Allah Ta’ala kanthi saestu-estunipun takwa. Kita tindakaken sedaya punapa ingkang dados titahipun lan kita tilar sedaya punapa ingkang dados pepacuhipun Allah SWT. Awit saking menika karakter mukmin ingkang sejatosipun. 

Allah Ta’ala paring pangandikan,
 
يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ ۝

He para wong Mukmin kabeh, sira padha wedia ing Allah kalawan sajatining wedi, Ian sira aja padha mati, kajaba mati Islam.” (QS. Ali Imran: 102) 

Ma’asyiral muslimin jamaah Jumah rahimakumullah.

Saben menungsa ing donya niki mesthi kepengin pikantuk kathah rezeki. Nanging, pangerten babagan rezeki kadhang kala winates mung marang bab-bab kang sifate materi kemawon, kaya bandha lan kasugihan.

Estunipun, wonten ing ajaran agami Islam, rezeki nduweni makna langkung jembar, mboten namung sakadar rezeki arupa bandha. Syeikh Muhammad Mutawalli Asy-Sya'rawi, sawijining ulama ageng saking Mesir, ngandharaken pandangan kang jero babagan tingkatan-tingkatan rezeki kang bisa kita ginakaken dados tuntunan gesang.

المَالُ هُوَ أَدْنَى دَرَجَاتِ الرِّزْقِ وَ العَافِيَةُ أَعْلَى دَرَجَاتِ الرِّزْقِ وَ صَلَاحُ الأَبْنَاءِ أَفْضَلُ أنْوَاعِ الرِّزْقِ وَ رِضَا رَبِّ العَالَمِينَ فَهُوَ تَمَامُ الرِّزْقِ  

Ingkang artosipun: “Bandha iku rezeki kang paling endhek. Kasehatan iku rezeki kang paling dhuwur. Anak kang saleh iku rezeki kang paling utama. Dene ridha Allah iku rezeki kang sampurna.

Panjenenganipun merangaken rezeki dados sekawan tingkatan, inggih menika: bandha minangka tingkatan paling andhap, kasihatan minangka tingkatan paling dhuwur, anak kang saleh minangka rezeki utama, lan ridho Allah minangka pucuk kasampurnan rezeki.

Bandha minangka Tingkatan Paling Andhap

Ma’asyiral muslimin jamaah Jumah rahimakumullah.

Bandha pancen kalebu salah sawijining wujud rezeki ingkang umum, ananging kedah dipun sadari bilih bandha menika sanes rezeki ingkang utama. Wonten ing Islam, bandha menika amanah kang kedah dikelola kanthi sae, manut syariat. Al-Qur’an lan hadis kathah ngajaraken babagan kewajiban zakat, infak, lan sedekah minangka cara kanggo nyucekaken bandha. Nanging, bandha namung sifate sawetara lan isa ilang kapan wae.

Allah SWT ngendika wonten ing Al-Qur’an Surat Al-Hadid ayat 20 ingkang ungelipun:

اِعْلَمُوْۤا اَنَّمَا الْحَيٰوةُ الدُّنْيَا لَعِبٌ وَّلَهْوٌ وَّزِيْنَةٌ وَّتَفَاخُرٌۢ بَيْنَكُمْ وَتَكَاثُرٌ فِى الْاَمْوَالِ وَالْاَوْلَادِۗكَمَثَلِ غَيْثٍ اَعْجَبَ الْكُفَّارَ نَبَاتُهٗ ثُمَّ يَهِيْجُ فَتَرٰٮهُ مُصْفَرًّا ثُمَّ يَكُوْنُ حُطٰمًاۗوَفِى الْاٰخِرَةِ عَذَابٌ شَدِيْدٌۙوَّمَغْفِرَةٌ مِّنَ اللّٰهِ وَرِضْوَانٌۗوَمَا الْحَيٰوةُ الدُّنْيَاۤ اِلَّا مَتَاعُ الْغُرُوْرِ

Artosipun: “Mang sumerepi, satemene gesang wonten ing donya menika namung dolanan lan ubarampenan kemawon, minangka perhiasan saha gumunggung antarane panjenengan sedaya, sarta pamer babagan kathahing bandha lan anak. Kadosdene udan ingkang tanduranipun damel gumun tiyang tani; salajengipun tanduran punika dados garing, lan panjenengan sami sumerep menawi wernanipun kuning, lajeng dados lebur. Wonten ing akherat (tembe) wonten siksa ingkang awrat saha pangapunten saking Allah lan ridha-Nipun. Satemene, gesang wonten ing donya punika namung kesenengan ingkang apus-apus.” (QS. Al-Hadid: 20)

Bandha minangka rezeki kang paling andhap amargi sanadyan saged kangge nyekapi kabetahan fisik, bandha mboten saged njamin kabagyan sejati ugi mboten saget migunani kangge akherat tanpa niat ingkang bener.

Kasehatan minangka Rezeki Paling Dhuwur

Kasehatan menika estunipun rezeki ingkang luwih dhuwur ketimbang bandha. Tanpa kasehatan, tiyang badhe sisah anggenipun nindakaken ibadah, pados panguripan, lan kagiatan sanese. Pramila, njagi kasehatan liwat gaya urip ingkang sehat lan syukur marang kasehatan kang dipun paringaken menika dados setunggalipun wujud ibadah. Rasulullah SAW nate ngendika:

  مَنْ أَصْبَحَ مِنْكُمْ مُعَافًى فِي جَسَدِهِ آمِنًا فِي سِرْبِهِ عِنْدَهُ قُوتُ يَوْمِهِ فَكَأَنَّمَا حِيزَتْ لَهُ الدُّنْيَا

Ingkang artosipun: “Sok sintena kemawon ingkang wonten enjing ing kaanan sehat badane, rumaos aman ing griyane, saha kagungan sekedhik panganan kangge dinten punika, mila kados-kados sedaya donya punika sampun dipun kumpulaken kagem piyambakipun.” (HR. Ibnu Majah).

Ma’asyiral muslimin jamaah Jumah rahimakumullah.

Kasehatan menika mujudaken rezeki ingkang ndadosaken kita saged ngraosaken nikmat lan manfaataken bandha kang diparingi Allah. Ananging ampun ngantos ndadhosaken kita sedaya lalai. Mangga sami emut nasihat Rasulullah Muhammad SAW wonten hadis:

نِعْمَتَانِ مَغْبُونٌ فِيهِمَا كَثِيرٌ مِنْ النَّاسِ، اَلصِّحَّةُ وَالْفَرَاغُ

Ingkang artosipun: “Wonten kalih kenikmatan ingkang asring damel tiyang kathah kalepatan utawi kesupen, inggih punika kasehatan lan wekdal longgar.”

Pramila menika kita sedaya kedah pinter anggenipun migunakaken nikmat sehat ugi kesempatan wekdal longgar kangge ngathahaken ibadah marang Allah SWT. Ampun ngantos rugi amargi kleru anggenipun ginakaken kasehatan lan wekdal longgar kangge tumindak dosa lan maksiat.

Anak kang Saleh minangka Rezeki Utama

Ingkang salajengipun, anak kang saleh minangka rezeki kang utama. Anak saleh iku investasi jangka panjang kang bakal nggawa manfaat kanggo tiyang sepuh sanadyan wus seda. Anak-anak ingkang dipun didik kanthi ajaran agami bakal nerusake kabecikan, nyebarake manfaat, lan ndongakaken tiyang sepuh kekalih. Donga anak kang saleh dados pahala ingkang mboten wonten telase kanggo wong tuwane, utawi ingkang kawastanan amal jariyah.

Kados ingkang dipun ngendikaken Rasulullah SAW wonten hadisipun:

إِذَا مَاتَ ابْنُ آدَمَ انْقَطَعَ عَمَلُهُ إِلَّا مِنْ ثَلَاثٍ: صَدَقَةٍ جَارِيَةٍ، أَوْ عِلْمٍ يُنْتَفَعُ بِهِ، أَوْ وَلَدٍ صَالِحٍ يَدْعُو لَهُ

Ingkang cara Jawinipun: “Menawi anak Adam (manungsa) sampun tilar donya, mila pedhot sedaya amalipun, kajawi tigang perkawis, inggih punika sedekah jariyah (sedekah ingkang pahalane tetep mili), ilmu ingkang migunani, tuwin anak saleh ingkang tansah ndedongakake.” (HR. Muslim)

Pramila saking menika, ndidik putra supados saged dados pribadi ingkang saleh menika minangka tugas utami tiyang sepuh supaya pikantuk kabagyan wonten ing donya, punapa dene samangke wonten ing akherat.

Ridha Allah minangka Pucuk Kasampurnan Rezeki

Ma’asyiral muslimin jamaah Jumah rahimakumullah.

Puncak lan hakikat saking rezeki menika kanthi pikantuk ridhanipun Allah SWT. Ridha Allah dados perangan rezeki paling dhuwur, awit iku wujud sih-rahmatipun Allah kang sampurna. Tiyang ingkang gesangipun dipun ridhai Allah bakal kaparingan ketenangan, kabagyan, tuwin keberkahan ing samudayanipun.

Ridha Allah tartamtu mboten gumantung saking kathahe bandha utawa inggilipun jabatan, ananging saking tulusipun manah anggenipun patuh ngibadah nuhoni punapa ingkang dados dhawuh saking penjenenganipun Allah SWT.

Allah SWT sampun paring pangandikan wonten ing Al-Qur’an Surat Al-Bayyinah ayat 8, mekaten waosanipun:

جَزَاۤؤُهُمْ عِنْدَ رَبِّهِمْ جَنّٰتُ عَدْنٍ تَجْرِىْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُ خٰلِدِيْنَ فِيْهَاۤ اَبَدًاۗرَضِىَ اللّٰهُ عَنْهُمْ وَرَضُوْا عَنْهُۗذٰلِكَ لِمَنْ خَشِىَ رَبَّهٗ٪

Artosipun: “Balesan kangge wong-wong mau ing sandhingan Pangeranipun yaiku swarga 'Adn ing ngandhapipun mili kali-kali; kagem sami langgeng ing salawase. Allah ridha dhumateng wong-wong mau, lan ugi sami ridha dhumateng Panjenengane. Pramila punika dados balesan kangge tiyang ingkang ajrih dhumateng Pangeranipun.” (QS. Al-Bayyinah : 8)

Cetha sanget bilih ridha ing ngarsanipun Allah menika minangka rezeki ingkang paling sampurna amargi menika kabagyan kang sejati lan keberkahan kang abadi ing donya ngantos samangke ing akherat. Mangga sami mbudidaya saged nggayuh ridhanipun Allah SWT.

Kanthi mengertosi perangan kang bener bab rezeki ngajaraken dumatheng kita kanggo syukur marang saben nikmat ingkang dipun paringaken saking ngarsanipun Allah, sae menika arupi bandha lan kasehatan, ugi anak saleh lan ridhanipun Allah SWT.

Ma’asyiral muslimin jamaah Jumah rahimakumullah.

Kita diajaraken mboten namung ngandelake bandha, nanging uga ngutamake kasehatan, menehi kawigatosan marang pendidikan anak supaya dados anak saleh, lan ngupaya nggayuh ridha Allah SWT ing saben tumindhak. Kanthi mangkono, kita saget nglakoni gesang kang luwih migunani, miguna, lan diridhani dening Allah SWT.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ الْقُرْأَنِ الْكَرِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْأَيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ، وَتَقَبَّلَ اللهُ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمِ، وَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ

Khotbah II

اَلْحَمْدُ لله الَّذِيْ أَرْسَلَ رَسُوْلَهُ بِالْهُدَى وَدِيْنِ الْحَقِّ، لِيُظْهِرَهُ عَلَى الدِّيْنِ كُلِّهِ وَكَفَى بِاللهِ شَهِيْدًا، أَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلهَ إِلَّا  اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعلى آله وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ

 إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا

 اللهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ وَعَلى آلِهِ وِأَصْحَابِهِ أَجْمَعِينَ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ

 اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مَجِيْبُ الدَّعَوَاتِ

 ربَّنَا لَا تُؤَاخِذْنَا إِنْ نَسِينَا أَوْ أَخْطَأْنَا رَبَّنَا وَلَا تَحْمِلْ عَلَيْنَا إِصْرًا كَمَا حَمَلْتَهُ عَلَى الَّذِينَ مِنْ قَبْلِنَا رَبَّنَا وَلَا تُحَمِّلْنَا مَا لَا طَاقَةَ لَنَا بِهِ وَاعْفُ عَنَّا وَاغْفِرْ لَنَا وَارْحَمْنَا أَنْتَ مَوْلَانَا فَانْصُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِينَ

 رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلِإِخْوَانِنَا الَّذِينَ سَبَقُونَا بِالْإِيمَانِ وَلَا تَجْعَلْ فِي قُلُوبِنَا غِلًّا لِّلَّذِينَ آمَنُوا رَبَّنَا إِنَّكَ رَءُوفٌ رَّحِيمٌ

 سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُونَ وَسَلَامٌ عَلَى الْمُرْسَلِينَ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ

عِبَادَ اللهِ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ، وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ، وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ، وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ، أَقِيْمُوا الصَّلَاةَ.
Khotbah Jumat Bahasa Jawa: Kautaman Tumindak Becik Marang Tangga Teparo

Khotbah Jumat Bahasa Jawa: Kautaman Tumindak Becik Marang Tangga Teparo

Khotbah Jumat Bahasa Jawa
Khotbah Jumat Bahasa Jawa: Kautaman Tumindak Becik Marang Tangga Teparo

Dening: Wakhid Syamsudin

Khotbah I

إِنَّ الْحَمْدَ لِلهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَـهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ. أَمَّا بَعْدُ

عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ عَزَّ وَجَلَّ حَيْثُ قَالَ تَبَارَكَ وَتَعَالَى، أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْم

يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالًا كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالْأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا

فَإنّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ، وَخَيْرَ الْهَدْىِ هَدْىُ مُحَمّدٍ صَلّى الله عَلَيْهِ وَسَلّمَ، وَشَرّ اْلأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا، وَكُلّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةً، وَكُلّ ضَلاَلَةِ فِي النّارِ. أَمَّا بَعْدُ

Ma’asyiral muslimin jamaah Jumah rahimakumullah. 

Puji lan syukur katuraken dhumateng ngarsanipun Allah Ta’ala, Dzat Ingkang Maha Kuwaos lan Ingkang Maha Welas ugi Asih. Namun dhumateng piyambakipun kita manembah lan nyuwun pitulungan.

Shalawat ugi salam mugi tansah kalimpahaken dhumateng Rasulullah Muhammad ﷺ. Sumrambah dhumateng keluarga lan para sahabatipun. Mugi kita sedaya pinaringan syafa’atipun benjang ing dinten kiyamat, amin. 

Sumangga kita sedaya tansah hambudidaya lan ningkataken takwa dhumateng Allah Ta’ala kanthi saestu-estunipun takwa. Kita tindakaken sedaya punapa ingkang dados titahipun lan kita tilar sedaya punapa ingkang dados pepacuhipun Allah ﷻ. Awit saking menika karakter mukmin ingkang sejatosipun. 

Allah Ta’ala paring pangandikan,
 
يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ ۝

He para wong Mukmin kabeh, sira padha wedia ing Allah kalawan sajatining wedi, Ian sira aja padha mati, kajaba mati Islam.” (QS. Ali Imran: 102) 

Ma’asyiral muslimin jamaah Jumah rahimakumullah.

Wonten ing kesempatan ingkang sae menika, kula badhe sekedhik ngaturaken khotbah kanthi irah-irahan “Kautaman Tumindak Becik Marang Tangga Teparo”. Bilih estunipun, kula tuwin panjenengan sedaya sami mangertosi menawi tangga teparo menika bagian ingkang mboten saged dipunpisahaken saking gesang kita saben dinten. Wonten ing Al-Qur'an Surat An-Nisa’ ayat 36, Allah ﷻ ngendika:

وَا عْبُدُوا اللّٰهَ وَلَا تُشْرِكُوْا بِهٖ شَيْـئًـا ۗ وَّبِا لْوَا لِدَيْنِ اِحْسَا نًا وَّبِذِى الْقُرْبٰى وَا لْيَتٰمٰى وَ الْمَسٰكِيْنِ وَا لْجَـارِ ذِى الْقُرْبٰى وَا لْجَـارِ الْجُـنُبِ وَا لصَّا حِبِ بِا لْجَـنْبِۢ وَا بْنِ السَّبِيْلِ ۙ وَمَا مَلَـكَتْ اَيْمَا نُكُمْ ۗ اِنَّ اللّٰهَ لَا يُحِبُّ مَنْ كَا نَ مُخْتَا لًا فَخُوْرًا ۝

Sembahen Gusti Allah, aja sira sekutokake marang apa wae. Banjur tumindaka sae marang wongtuwa sakloron, karib kerabat, anak-anak yatim, wong-wong miskin, tangga cerak lan tangga adoh, kanca sejawat, musafir, lan hamba sahaya sing sira duweni. Temen, Allah ora seneng marang wong kang sombong lan mbanggakake awake dhewe.” (QS. An-Nisa' 4: Ayat 36)

Ayat menika mratelakaken bilih tangga kalebet salah satunggalipun tiyang ingkang kedah dipun saeni, sejajar kaliyan kewajiban dhumateng tiyang sepuh lan kerabat. Tumindak becik dhumateng tangga inggih minangka bagian saking ketaatan dhumateng Gusti Allah.

Rasulullah ﷺ ugi ngendika:

ومَن كانَ يُؤْمِنُ باللَّهِ والْيَومِ الآخِرِ فَلْيُكْرِمْ جارَهُ، ومَن كانَ يُؤْمِنُ باللَّهِ والْيَومِ الآخِرِ فَلْيُكْرِمْ ضَيْفَهُ

Artosipun: “Sok sintena tiyang ingkang iman dumatheng Allah lan dinten akhir, mangka kedah muliakaken tangganipun, lan sok sintena tiyang ingkang iman dumatheng Allah lan dinten akhir, mangka dheweke kudu muliakaken dhayohipun.” (HR. Muslim)

Sabda Rasulullah ﷺ menika mratelakaken bilih iman ingkang sejatos kedah dipunwujudaken kaliyan tindakan nyata dhumateng tangga. Mboten cekap anggene ngucapaken iman tanpa ana tumindak ingkang nyengkuyung, utaminipun inggih punika hubungan ingkang sae kaliyan tangga.

Ma’asyiral muslimin jamaah Jumah rahimakumullah.

Wonten ing adat Jawi, tangga punika asring dipun anggep kados sedulur ingkang paling cedhak. Menawi wonten napa-napa ing griya kita, tangga punika ingkang sepisanan badhe maringi pitulungan. Rasulullah ﷺ ing sabdainpun ngendika bilih Malaikat Jibril tansah maringi pitutur dhumateng panjenenganipun babagan tangga, ngantos-ngantos Kanjeng Nabi ngira bilih tangga menika badhe kalebet ingkang marisi harta warisan.

Rasulullah ﷺ nuduhaken bilih hubungan kaliyan tangga kedah dipun wontenaken kados paseduluran ingkang langgeng. Kita kedah tansah guyub rukun, lan mbudidaya ndadosaken tangga kita menika kanca ing panggesangan dunya, syukur badhe, saged dados rencang utawi tangga ing akhirat samangke, wonten ing suwarganipun Allah ﷻ.

Ma’asyiral muslimin jamaah Jumah rahimakumullah.

Wonten ing Islam, ajaranipun mboten namung babagan ibadah lan ngibadah dhumateng Gusti, ananging kita ugi dipunajaraken tanggung jawab sosial. Salah satunggalipun inggih menika tumindak kebecikan marang tangga. Nulungi nalika tangga gadhah masalah utawi kesisahan, ndherek mbiyantu nalikane wonten kabetahan, ugi tansah njaga katentreman ing sesamining tiyang agesang. Menika sami-sami dados tanggung jawab kita sedaya, minangka tiyang ingkang iman.

Ing Al-Qur’an Surat Al-Ahzab ayat 70-71, Allah SWT paring dhawuh:

يٰۤـاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اتَّقُوا اللّٰهَ وَقُوْلُوْا قَوْلًا سَدِيْدًا ۝ يُّصْلِحْ لَـكُمْ اَعْمَا لَـكُمْ وَيَغْفِرْ لَـكُمْ ذُنُوْبَكُمْ ۗ وَمَنْ يُّطِعِ اللّٰهَ وَرَسُوْلَهٗ فَقَدْ فَا زَ فَوْزًا عَظِيْمًا ۝

He, wong-wong kang padha iman, takwaa sira marang Allah lan ucapna omongan kang bener. Mangka Allah bakal ndandani amalan-amalan sira, uga ngapura dosa-dosa sira. Sapa kang taat marang Allah lan Rasulullah, temen, dheweke ana ing sakjroning kemenangan kang agung.” (QS. Al-Ahzab 33: Ayat 70-71)

Saking ayat menika, kita saged sinau bilih ngucapaken tembung-tembung ingkang sae menika minangka perangan penting saking interaksi kita kaliyan tangga. Kita kedah saged njaga tutur kata supados mboten nglarani ati tangga.

Rasulullah ﷺ ugi sampun paring tuladha akhlak ingkang sae sanget dhumateng tangga. Sanadyan ta, tangganipun menika mboten sae, Rasulullah ﷺ tetep sabar lan mboten nate mbales kaliyan tumindak ala. Salah satunggalipun kisah ingkang misuwur, Rasulullah ﷺ nate dipun uncali kotoran dening tangganipun, nanging Nabi mboten mbales. Malah nalika tangga menika gerah, Nabi nuweni kanthi sedaya kesaenan.

Kisah menika ugi nuduhaken bilih menawi kita mbudidaya sabar lan tetep tumindak sae, Allah ﷻ badhe maringi ganjaran ingkang langkung sae. Kita saged mbuktekaken bilih kesaenan utawi kabecikan tansah wangsul dados kesaenan dumatheng kula lan panjenengan sedaya.

Ma’asyiral muslimin jamaah Jumah rahimakumullah.

Damel kabecikan marang tangga menika estu kathah kautamanipun, kosok wangsulipun, tumindak ala utawi mboten sae dumatheng tangga teparo menika saged dados jalaran Allah ﷻ mboten bakal nglebetaken kula lan panjenengan sedaya dumatheng suwarga. Rasulullah ﷺ ngendika:

لا يَدْخُلُ الْجَنَّةَ مَنْ لَا يَأْمَنُ جَارُهُ بِوَائِقِهِ

Ora bakal mlebu suwarga wong sing tanggane ora aman saka tumindak ala (gangguane).” (HR. Imam Bukhari)

Hadis menika nedahaken menawi amanah dhumateng tangga punika mboten namung kagungan ganjaran ing akhirat, nanging ugi ndadosaken lingkungan gesang ing dunya ingkang langkung tentrem lan ayem. Tumindak becik ndadosaken hubungan kaliyan tangga tansaya guyub, mboten wonten sengketa, lan saling ngrewangi.

Mugi-mugi, kita sedaya saged ningkataken hubungan ingkang sae kaliyan tangga. Amargi kebecikan menika ugi kedah kita wiwiti saking tetangga kita piyambak. Tumindak alit ingkang dipun awiti saking manah ingkang tulus saged dugekaken barokah ing gesang kita saben dinten. Mugi-mugi Gusti Allah tansah maringi kekuatan dhumateng kita sedaya, supados saged nindakaken kabecikan marang tangga lan nampi ridha Allah ﷻ. Amin.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ الْقُرْأَنِ الْكَرِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْأَيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ، وَتَقَبَّلَ اللهُ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمِ، وَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ

Khotbah II

اَلْحَمْدُ لله الَّذِيْ أَرْسَلَ رَسُوْلَهُ بِالْهُدَى وَدِيْنِ الْحَقِّ، لِيُظْهِرَهُ عَلَى الدِّيْنِ كُلِّهِ وَكَفَى بِاللهِ شَهِيْدًا، أَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلهَ إِلَّا  اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعلى آله وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ

 إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا

 اللهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ وَعَلى آلِهِ وِأَصْحَابِهِ أجمعين وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ